KUMPULAN CERITA TERBAIK
BAHASA JAWA
Cerita Rakyat Jaka Tarub dalam Bahasa Jawa
Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi
ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang
sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben
dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten
peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos
kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos
pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub
menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge
dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah
wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’
subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika
sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes,
sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal
punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa
piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing
jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal
punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu,
amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun
wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri
sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi
sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten
percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget
amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami
gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan
widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun
wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal
pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten
satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami
widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi
Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka
Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten ing
satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub
ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila
Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun
kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun
Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep,
menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun
naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang
Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak
ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang
wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep
gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari
wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka
dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken
kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing
kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani
mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak
sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari
amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan
boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang
Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul
ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.
=================================================================
Dongeng Keong Mas dalam Bahasa
Jawa
Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa
ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga
ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa
sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan
ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya
mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh
Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara
punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan.
Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat.
ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur
nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang
nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah
dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging
nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora
entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana
krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti
panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi.
Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula
kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga
Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur
nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
“Nduk
wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong
Mas ?”
“Yung
aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok
nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing
sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging
dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi
Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora
bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong
Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti
nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku
tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi
saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne
lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke
diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.
Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana,
Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi
pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur
ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden
Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis
suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa
Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga
agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.